Sejarah Desa

30 April 2014 17:20:39 WIB


           Semugih minangka perangan saking wewengkon Kabupaten Gunungkidul, Daerah Istimewa Yogyakarta, jembaripun udakara 10.814,00 Ha, kedadosan saking 13 padukuhan, 13 Rukun Warga, lan 53 Rukun Tetangga, mapan ing sisih kidul wetan Wonosari watawis 24 kilometer, kanthi warga gunggung 4.923 jiwa, kepala somah 1.527 KK, warga pawestri cacah 2.514 jiwa, lan 2.409 jiwa warga kakung.
Tapel wates Desa Semugih : ering wetan kaliyan Desa Karangwuni lan Desa Melikan, ering kilen Desa Petir lan Desa Pucanganom, ering kidul Desa Pringombo lan Desa Nglindur Kecamatan Girisubo lan ering ler Desa Karangwuni.

Tata Paprintahan Desa Semugih

            Prekawis nindakaken jejibahan magepokan kaliyan reh Paprintahan Perangkat Desa nyambut damel kanthi gumbregut lan saiyeg saekakapti sami cancut tali wanda. Sugiyarto,SPd. minangka Kepala Desa, kabiyantu dening Perangkat Desa: Bukhori Ibnu Romadhoni minangka Sekretaris Desa, Syaebani minangka Kepala Seksi Pemerintahan, Suparsa minangka Kepala Seksi Pelayanan, Sabarso, SH minangka Kepala Seksi Kesejahteraan, Sugiyono minangka Kepala Urusan Tata Usaha lan Umum, Wasdi Raharja,SIP minangka Kepala Urusan Perencanaan, lan Suripta minangka Kepala Urusan Keuangan.
Ugi Kabiyantu Perangkat Desa Minangka pamangku wilayah padukuhan : Suparman minangka Dukuh Karangwetan, Tumino Dukuh Purworejo, Sukisno Dukuh Semugih, Sukirna Dukuh Ngrombo, Tohari Dukuh Gandu, Sugiyanta Dukuh Kemesu, Karunia Yuliyanta Dukuh Kerdonmiri, Suhartini Dukuh Baran Kulon, Sarmana Dukuh Baranwetan, Ngatman Dukuh Bendorubuh, Suyata Dukuh Semampir, Surajiyanta Dukuh Kemiri, lan Saqri Amsyori Dukuh Ploso.
Wandene kepala Seksi lan Kepala Urusan anggenipun Nyambut damel kabiyantu dening Staf : Asih Subekti minangka staf Kepala seksi Pemerintahan, Veranita Heli Mustikawati, SPd. minangka Staf Kepala Seksi Pelayanan, Eka Wantara staf Kepala Seksi Kesejahteraan, Violita Yovi Deninta staf Kepala Urusan Tata Usaha lan Umum, Yuni Astuti Staf Kepala Urusan Perencanaan, Wahyu Agus Widodo Staf Kepala Urusan Keuangan lan Dwi Harianto minongko Tenaga harian.

Cagar Budaya lan Petilasan

Cagar Budaya
Ing Wewengkon Desa Semugih Wonten legenda Goa Braholo ingkang mapan wonten Padukuhan Semugih lan Song Tritris ingkang mapan wonten ing Padukuhan Semampir critanipun Goa menika rumiyin pun panggeni dening nenek moyang, kanyata sak sampunipun sak menika dipun lindungi kaliyan Dinas Purbakala lan tanahipun dipun duduk Kanyata goa braholo lan Goa Tritis nyimpen sakathahing balung sae meniko balung kewan lan Balung Manungsa ingkang kasebat Vosil, Namung karana Desa Semugih dereng gadah Mosium vosil, vosil menika Kasimpen Wonten ing Mosium Pacitan. Goa Goa Kala wau sak menika kangge Papan Penelitian lan Study wisata Para para ingkang wonten Pawiyatan inggil

Petilasan
Legenda Patilasan Majapahit lan Maling Genthiri dumugi sak meniko taksih dipun uri uri ugi, nurut ceritanipun Petilasan Majapahit Menika Papan kangge Mampir/kendel Pangeran Browijaya saking Majapahit lumampah lan kendel wonten ing papan wau ingkang sak menika kasebat Petilasan Majapahit. Menawi Petilasan Maling Genthiri rumiyin critanipun kangge ngubur Cemethinipun mbah maling Genthiri ingkang hasilipun maling dipun paringaken dateng Masyarakat miskin. Patilasan patilasan kala wau dumugi sak meniko taksih dipun angge Semedi tiyang tiyang ingkang mitadosi utaminipun tiyang ingkang remen dateng Kejawen.

 

CIKAL BAKAL PAPRINTAHAN
           Adeging Kabupaten Gunungkidul kawiwitan ing Negari Indonesia taksih dipun jajah Walanda. Pangeran Mangkubumi mengsah bangsa Walanda lan paprangan karampungaken kanthi Prajanjen Giyanti, ingkang dipun tekeni dening Kompeni. Kanyata bangsa Walondo anggenipun njajah Negari Indonesia kalebet tanah Jawi langkung-langkung ing tlatah Ngayogjakarta Adiningrat lelajengan, kadosta dumugi perangipun Pangeran Diponegoro tahun 1825-1830. Pangeran Diponegoro kabantu Kyai Maja, Ali Basah Sentot Prawirodirjo, Imam Bonjol, kabantu wadyabala sakwatawis (Transformasi Masyarakat Indonesia dalam Historiografi Indonesia Modern, 2009). Perang Diponegoro kanggenipun bangsa Walanda awrat sanget, perangipun Pangeran Diponegoro kanthi ngrabasa sesingidan utawi gerilya, lan gadhah papan baken minangka pasanggrahan ing Gua Selarong tlatah Bantul. Pramila bangsa Walondo gadhah nalar badhe ngapusi kanthi cara ngajak rerembagan. Nanging Pangeran Diponegoro lumebetipun papan pirembagan mboten kenging ngasta pusaka, kanyata sareng lumebet papan pirembagan, Pangeran Diponegoro dipun besta. Wusana dening bangsa Walondo Pangeran Diponegoro dipun bucal wonten ing tlatah Manado, kelajenganipun dipun pindah dhateng Makassar ngantos sak sedanipun. Para panderekipun sak kecepengipun Pangeran Diponegoro taksih nglajengaken paprangan, nanging kapeksa sami kaseser lan pados papan kagem gesangipun.
Gunungkidul rikala taksih alas gerumbul, wonten satunggaling desa ingkang dipun panggeni sawetawis tiang lanjon saking Majapahit. Kemajengan warga ing wewengkon Gunungkidul lajeng wonten peprintahan, Ki Pontjodirdjo putra R.Suromejo dipun angkat dening Pangeran Sambernyowo dados Bupati Gunungkidul I. Bupati Mas Tumenggung Pontjodirdjo mboten lami anggenipun ngasto bupati Gunungkidul awit wonten paugeran wates wewengkon Gunungkidul antawisipun Sultan lan Mangkunegaran II ing surya 13 Mei 1831. Wewengkon Gunungkidul minangka kabupaten panguwaosipun Kasultanan Ngayogyakarta, kejawi Ngawen nderek panguwaos Mangkunegaran.
Miturut Mr. R.M Suryodiningrat ing bukunipun ”Peprintahan Praja Kejawen” yang dikuatkan buku de Vorstenlanden terbitan 1931 tulisan G.P. Rouffaer, dan pendapat B.M.Mr. A.K. Pringgodigdo dalam bukunya Onstaan En Groei van het Mangkoenegorosche Rijk, berdirinya Gunungkidul (daerah administrasi) tahun 1831 setahun seusai Perang Diponegoro, bersamaan dengan terbentuknya kabupaten lain di Yogyakarta. Disebutkan bahwa ”Goenoengkidoel, wewengkon pareden wetan lepen opak. Poeniko siti maosan dalem sami kaliyan Montjanagari ing zaman kino, dados bawah ipun Pepatih Dalem. Ing tahoen 1831 Nagoragung sarta Mantjanagari-nipoen Ngajogjakarta sampoen dipoen perang-perang, Mataram dados 3 wewengkon, dene Pangagengipoen wewengkon satoenggal-satoenggalipoen dipoen wastani Boepati Wadono Distrik kaparingan sesebatan Toemenggoeng, inggih poeniko Sleman (Roemijin Denggong), Kalasan serta Bantoel. Siti maosan dalem ing Pengasih dipoen koewaosi dening Boepati Wedono Distrik Pamadjegan Dalem. Makanten oegi ing Sentolo wonten pengageng distrik ingkang kaparingan sesebatan Riya. Goenoengkidoel ingkang nyepeng siti maosan dalem sesebatan nipoen Riya.”
Bumi Gunungkidul wewengkonipun kapantha dados Kawedanan ( Wedana ) lan ugi Kapantha dados desa-desa ngantos dumugi sisih kidul wetan kalebet Desa Semugih. Kawontenan ing jaman semanten Asisten Wedana Rongkop menika anggenipun nindaaken peprintahan mapan wonten ing Jerukwudel Ingkang Sak meniko mlebet Kecamatan Girisubo sak sampunipun sekitar tahun 1942 Asisten wedana pindah dateng Baran Ingkang sak menika kangge Kantor Kecamatan Rongkop, ingkang ugi mlebet wewengkon Desa Semugih. warga Semugih nyambut damel olah tani kanthi prasaja. Liripun panggesanganipun taksih kuno, kirang mangertosi ing babagan olah tetanen, pramila hasilipun namung cekap kangge kabetahan ing gesang saben dintenipun. Sinaosa mekaten, saben dintenipun warga masyarakat Semugih sampun nindaaken gesang guyub rukun nyambut damel gotong royong, kathah ingkang damel paguyuban kangge ngenthengaken padamelan kanthi temen lan remen. Tanggeljawab minangka warga ingkang setya dhumateng Paprintahan asok bulu bekti ingkang sakpunika kasebat pajek.

 

Paprintahan kaping 1 (Setunggal)
Lurah Raden Mangun Atmojo
           Bangsa Walanda nyeseg anggenipun ndadosaken kapitunan dhumateng kawula alit anggenipun ngereh praja. Mila R. Mangun Atmojo gumbregut nindaaken reh kaprajan amrih saget lestantun, lan nebihaken saking pambujuk awon bangsa Walanda. Lurah R. Mangun Atmojo minangka andhahan saking Asisten Wedana, saget mengku Paprintahan kanthi sae, katitik Paprintahan kalurahan kaping Sepisan ingkang dipun emban R. Mangun Atmojo saget katingal tumata. Katitik Gotong royong masyarakat ketingal guyup rukun, nyambut damel sareng sareng kaliyan Dukuh kanthi sae, Lan ugi saget ngentasaken putranipun minangka pangemban Paprintahan saklajengipun. Rikala semanten wewengkon ingkang kalebet wewengkon Paprintahan.
Semugih inggih punika : Karangwetan, Purworejo, Semugih, Gandu, Kemesu, Kerdonmiri, Baran, Bendorubuh, Semampir, Kemiri, lan ploso, cacah 11 ( sewelas ) Padukuhan.
Manut katrangan para pinisepuh lan punggawaning masyarakat, Nami Desa Semugih awit mapanipun Lurah ingkang Kapisan Mapan Wonten ing padukuhan Semugih. Lurah jaman semanten dipun biantu dening Carik, Jogomirudo, Kamituwo, Jogoboyo lan Kebayan. Lurah anggenipun ngasto Paprintahan beten winates wedalipun. Lurah rikala semanten dipun angkat Dening Asisten Wedana wonten ing dinten Rabu Kliwon wulan Besar/ wulan Juli tahun 1916.
R. Mangun Atmojo mengku kaprajan watawis 26 tahun, wiwit tahun 1916 dumugi 1942 piyambakipun lereh. Kagungan putro 10 ( Sedoso ) inggih meniko : Sarjono, Somo Taruno, Harjo Sudarso, Pawiro Atmojo, Suldiyah, Sumarjo , Siswo Atmojo, Sudarmi, Rukinah Sastro Widagdo Lan Suradal, R mangun Atmojo tilar donya tahun 1967 dipun makamaken wonten ing Makam Gede Semugih.


Paprintahan Kaping 2 ( kalih )
Lurah Raden somo Taruno
          Paprintahan Desa Semugih saklajengipun inggih punika ingkang asmo R. Somo Taruno kanthi tatacara dipun angkat Dening Asisten Wedono karono Lurah ingkang sepisan sampun rumaos Sepuh, R. Somo Taruno, meniko kaleres Putranipun R, Mangun Atmojo ( Lurah Ingkang Sepisan ) Putra ingkang Nomer 2 ( kalih ) R. Somo Taruno ngemban Paprintahan minangka Lurah Semugih Ingkang kaping 2, watawis 1 tahun saking tahun 1942 dumugi tahun 1943. Sanadyan namung wetawis 1 tahun tata Paprintahanipun wonten ewah ewahan Rikala semanten Paprintahan punika ing Jaman penjajahan Jepang, Warga masyarakat sawetawis pikantuk ngelmu babagan olah bela Kanuragan lan Bela nagari.
Adat tradisi ingkang lumampah jaman semanten taksih nglajengaken jamanipun leluhur inggih menika rasul warga ngawontenaken pasang pasren, panjang ilang, saha damel krapyak wonten ing Taneman Ingkang dipun Uri uri ngatos Ageng kadasta kajeng Ringin lan Kajeng Wungu lan Kajeng Dawung ingkang kajeng Puniko Taksih Enggo Sepriki. Ugi wonten Petilasan ingkang dipun uri uri kadasta patilasan Majapahit lan patilasan Maling Genthiri
Wekdal semanten Desa Semugih ngadahi wilayah Padukuhan : Karangwetan, Purworejo, Semugih, Gandu, Kemesu, Kerdonmiri, Baran, Bendorubuh, Semampir, Kemiri lan Ploso Cacah 11 padukuhan sami rikolo Paprintahan Lurah ingkang Kapisan. R. Soma Taruno kagungan Putro 3 inggih puniko , Suharti, Partinah, lan Sumiyanto sak derengipun dados lurah R Somo Taruno dados Dukuh wonten ing Kemesu, naming kemawon nyepeng Peprentahan nembe lumampah watawis 1 tahun langkung R. Somo Taruno sakit enggo tilar donya, dipun Sarekaken Wonten Ing makam Gede Semugih.

 

Paprintahan Kaping 3 ( tiga )
Lurah R. Pawiro Atmojo
              R. Pawiro Atmojo meniko kaleres putranipun R Mangun Atmojo ( Lurah Kaping 1 ) putro ingkang Nomer 4, ngemban Paprintahan minangka Lurah Semugih ing jaman semanten dipun angkat dening Wedana. Anggenipun nyepeng Peprentahan lumampah nembe watawis 2 tahun Bangsa Indonesia Merdika, anggenipun Ngasto Paprintahan watawis 20 tahun, wiwit tahun 1943 dumugi 1963. Nata Paprintahan nengenaken babagan kapinteran warga masyarakat ingkang kasebat kawasisaning manungsa, mila kathah nindaaken ngudi ngelmu kawasisan. Kagem kemajenganipun Desa Semugih. Rikolo jaman semanten wilayah padukuhan ingkang cacahipun 11 dipun ngrembakaaken Dados 13 padukuhan Baran kapilah dados 2 Padukuhan inggih puniko baran Kulon lan Baran Wetan lajeng Padukuhan Purworejo Kapilah Dados 2 Padukuhan, Inggih Punika Purworejo lan Ngrombo. 13 Wilayah Padukuhan Kasebat antawisipun : Krangwetan, Purworejo, Semugih, Ngrombo, gandu, Kemesu, Kerdonmiri, Barankulon, Baranwetan, Bendorubuh, Semampir, Kemiri lan Ploso.
Peprentahan rikolo semanten ingkang mbiyantu Lurah ugi wonten ewah ewahan nami Jogoboyo dados Keamanan, Jogomirudo dados Makmur, ugi wonten Kaum lan sosial lan ugi Carik. Sak sampunipun ngancik tahun 1962 dipun wonteni kelembagaan, kawiwitan jumbedhulipun Dewan Perwakilan Rakyat Kalurahan Gotong Royong (DPR-KGR), lan Lembaga Sosial Desa (LSD). kangge nindakaken papritahan mapan wonten griyanipun R. Pawiro Atmojo ing Karangwetan. R Pawiro Atmojo kagungan putro cacah 9 ( Songo ) : Kartini, Suyitno,Sudarta, Suparsiki, Suhardi, Sri harsiki, Suroso, Supriyadi Lan Tejo Yuono, R, Pawiro Atmojo Tilar donya tahun 2004 kasarekaken wonten makam Keluarga ing Gunung Purworejo.

 

Paprintahan Kaping 4 ( sekawan )
Lurah Ki Sutarta Sosro Pramujo
             Paripurnanipun R. Pawiro Atmojo ingkang ngemban Paprintahan minangka Lurah Semugih ing jaman semanten inggih panjenenganipun Ki sutarta Sosro Pramujo, Nyepeng Peprentahan watawis 33 tahun, kawiwitan saking tahun 1963 dumugi 1996. Dumadinipun lurah Semugih ingkang kaping 4 meniko kanthi cara pilihan Rakyat langsung .
Sak sampunipun ki sutarto nindakaken peprentahan watawis 3 tahun kawontenan nagari kathah ewah ewahan sak sampunipun lumebet wonten ing jaman orde baru, kalebet Pranatan desa utawi kalurahan katah ingkang ewah katitik jumedulipun kelembagaan desa Kadasta : Lembaga Ketahanan Masyarakat Desa (LKMD), Lembaga Musyawarah Desa (LMD), Program Kesejahteraan Keluarga (PKK), Kelompok Tani Wanita (KTW), Kelompok Pendengar Pembaca dan Pirsawan (Kelompencapir), Karang Taruna, Kamra, lan Hansip.
Pengajeng PKK Rudilah ngawontenaken pelatihan keterampilan tata busana, lan tata boga kangge kemajenganipun para wanita Desa Semugih, dene babagan pertanian sampun gadhah ngelmu tani nanem pantun varietas unggul tahan wereng (VUTW) IR36 ingkang dipun suluh dening Petugas Penyuluh Lapangan. Babagan olahraga inggih menika bal tendang asring adon-adon tansah majeng. Babagan paprintahanipun, desa Semugih Sanget majeng pembangunanipun.
Jamanipun Ki Sutarta, taksih nglestantunaken babagan adat tradisi saha kabudayan, malah kepara ngrembaka ngantos saben Padukuhan tuwuh paguyuban-paguyuban seni budaya. Contonipun seni Karawitan, Kethoprak, reog, lan sakpiturutipun
dumugi anggenipun ngemban Paprintahan mboten mawi batesan wekdal, Lurah nggadahi jejibahan minangka pimpinan ing desa, Ugi minangka Perangkat Daerah Kabupaten. Jejibahan Lurah nindaaken Paprintahan adedasar Peraturan perundang- undangan ingkang lumampah. Paprentahan rikala semanten lurah dipun bantu dening Sekretaris Desa, bagian Pemerintahan, Bagian Pembangunan, Bagian Kemasyarakatan, Bagian Umum lan Bagian Keuangan, sedaya wau kasebat Pamong desa. Lan ugi dipun bantu dening Dukuh Ingkang Cacahipun 13 Padukuhan Kados Peprintahan sak derengipun. Papan Kangge nindakaen Peprintahan Mapan Wonten wewengkon Wilayah Padukuhan Karangwetan Kanthi Bangunan Griyo Joglo ingkang saklajengipun Pindah papan karana bade dipun bangun. Sanesipun Balai Desa ingkang Bentukipun Joglo ugi Kabangun Kantor Lurah lan kantor Pamong desa ingkang papan punika taksih kalajengaken ngantos sak punika mapan ing wewengkon Padukuhan Karangwetan.
Ki Sutarta kendel nyepeng pepritahan tahun 1996, Kagungan putro 6 ( enem ) inggih Puniko : Dwi Harjo, Haryatiningsih, Slamet Hartono, Suprihatin Haryatun, Sri Sulastri Ning Rahayu lan susi Haryani Triwahyuni. Ki Sutarta tilar donya 22 Juni tahun 2010 dipun sarekaken ing makam keluarga pucangranggon.


Paprintahan Kaping 5 ( gangsal )
Ki Suparma.
            Paripurnanipun Ki Sutarta Sosro pramujo ingkang ngemban Paprintahan minangka Kepala Desa Semugih kalajengaken Ki. Suparma taksih ing jaman Ordebaru ngancik Jaman Reformasi Nyepeng Paprintahan laminipun 8 tahun awit karana aturan per Undang Undangan, kawiwitan saking tahun 1996 dumugi Tahun 2004, kanthi tatacara pilihan langsung nyoblos gambar symbol, Pilihan katindaaken wonten ing Pendhapa Bale Desa Semugih.
Rikala semanten kabiyantu dening para prangkat desa kasebat Sekretaris Desa, Kabag, Kaur, Dukuh saha Staf. Piyambakipun nindakaken jejibahan kanthi lumampah Sae, ing tahun 1996 dipun adani rehab pendhapa balai desa, ugi rehab lan Pembangunan Balai Padukuhan kanthi panyengkuyunganipun saking Program Kesejahteraan Anak dan Keluarga (PKAK) saha gotong royongipun masyarakat. Program ingkang katindakaken wontenipun pemasangan jaringan listrik kaliyan toya saking bribin. Babagan perekonomian nindakaken program penggemukan ternak : Sae Ternak Lembu lan ternak Kambing, ugi damel papan hijauan pakan ternak. Babagan Paprintahan lembaga ingkang mbiyantu LMD (Lembaga Masyarakat Desa), dene Lembaga sosial kemasyarakatan ingkang paring pambiyantu kawastanan LKMD (Lembaga Ketahanan Masyarakat Desa), RT, RW, PKK, lan Karang Taruna. Nanging wonten ing tahun 2002 Wonten Ewah ewahan nami kelembagaan , LMD gantos BPD ( Badan Perwakilan Desa ) ingkang Pengangkatanipun kanthi tata cara Pemilihan langsung Masyarakat, Nami Dukuh pun Gantos Kepala Dusun, Padukuhan pun gantos Dusun, LKMD pun gantos nami LPMD ( Lembaga Pemberdayaan Masyarakat Desa ) inkang mbiyantu Kepala Desa Tambah Sekretaris BPD.
Olah kridhaning Para Wanita dipun sesepuhi dening Dwi Kuntari Asih pinangka Ketua PKK, nderek majengaken programipun paprintahan ngengingi kaprigelanipun Kaum Wanita. Ki Suparma kagungan Putra 2 ( Kalih ) inggih Punika Hambodo Putro Raharjo lan Abilowo Yudo Raharjo.

 

Paprentahan ingkang kaping 6 ( Enem )
Kepala Desa Sugiyarto, SPd.
             Ki. Sugiyarto lair ing Gunungkidul 11 Mei 1957, nyepeng Paprintahan ing tahun 2004–2014, Dados kepala desa ingkang kaping 6 pilihan rakyat secara langsung kanthi nyoblos gambar calon. Anggenipun nindaaken Paprintahan kasengkuyung lembaga desa ingkang wonten, inggih punika BPD (Badan Perwakilan Desa ) saklajengipun karubah dados BPD ( Badan Permusyawaratan Desa), babagan pembangunan wonten LPMD (Lembaga Pemberdayaan Masyarakat Desa), RT, RW, PKK, lan Karang Taruna.
Lampahing paprintahan majeng babagan pembangunan fisik dalan aspal, cor blok, talud, lan jalan usaha tani ingkang makaryo sesarengan Program Nasional Pemberdayaan Masyarakat Mandiri Perdesaan (PNPM-MP) Kabetahan warga tumrap Hak milik siti dipun wonteni program persertipikatan tanah sacara massal kanthi cacah kirang langkung 850 bidang, Kangge 13 Padukuhan Babagan pawiyatan, mbangun sekolah Taman Kanak-Kanak (TK) lan Pendidikan Anak Usia Dini (PAUD). Ugi kerja sama kalian Program Nasional Pemberdayaan Masyarakat Perkotaan ingkang programutamanipun Penataan Lingkungan Permukiman berbasis Komunitas ( PLPBK ) ing antawisipun Pembangunan Gudang Penampungan Ketela, Tugu PLPBK, Sow Room, Saluran air, Talud, Kandang komunal, Jamban keluarga, Sanitasi terpadu, Pos jaga, Rehab Rumah Tidak layak huni lan Gedung Pengolahan Mokav lan kasava.
Olah kridhaning Para Wanita dipun sesepuhi dening Jumiyati pinangka Ketua PKK, nderek majengaken programipun paprintahan ngengingi kaprigelanipun kaum wanita ngantos 2007 awit Ibu Jumiyati Sakit lan tilar donya sakenggo Kalajengangaken Ibu Sukarsi dumugi Tahun 2010, kalalajengaken malih Ibu Ismiyati Minongko ketua Tim Penggerak PKK dumugi Tahun 2014 Lampahing tata Peprintahan Desa Semugih lir gumanti, tambahing Wargo ing wewengkon Padukuhan, sangsaya kathah nggambaraken bilih Semugih tansaya ngrembaka lestantun kemajenganipun.
Ki Sugiyarto,SPd. Lereh nyepeng peprentahan tahun 2014 kagungan Putro 2 : Eka Wahyuningsih lan Wahyu Agus Widodo. Peprentahan Dipun lajengan Ki Suharyadi SIP, minangka Pejabat Kepala Desa Semugih watawis 1 tahun 2014 - 2015 , ing sak lajengipun wulan Desember 2015 Ki Sugiyarto, SPd. nyalonaken Malih wonten ing pilihan langsung Masyarakat kanthi nyoblos tanda gambar calon kanyata kapilih malih dados Kepala Desa Pereode 2016 -2021 nyepeng Paprentahan ingkang kaping 7 ( Pitu ).


Kawontenan Kabudayan

a. Griya kuno
             Warga taksih nglestantunaken griya kuno joglo, limasan, kampung saking warisan jaman rumiyin. Kajeng ingkang dipun ginaaken damel griya kasebat Kajeng Jati. 
Owah-owahan jaman griya ingkang wonten Semugih sapunika sampun wonten ingkang ribah saking jaman rumiyin. Wonten model griya Paris, ingkang niru saking mancanagari. Tatacara damel griya mawi tembok, murih aman lan awet naming ugi taksih katah griyo joglo, limas an lan Kampung ingkang kabangun pun lestarekaken.

b. Tradisi adat
             Tatacara ingkang katindaaken pinangka adat tradisi mertandhani raos syukur dumateng Pengeran kanthi wujud Kirim dongo, Gumbregan lan Rasulan. Adat gumbrekan menika katah katahipun mendet dinten Selasa wage wuku Gumbrek . warga sami damel Kopat, Jadah, lan goreng Cengkaruk ( goreng beras ) kupat lan jadah sanesipun dipun teda Warga ugi Kangge makan Raja kaya kados dene : Bebek iwen , kebo, Sapi, Menda lan sanesipun

Tradisi sanesipun ugi wonten ziarah dateng makam leluhur pratandha asung pandonga dumateng Gusti tumrap gesangipun lan asung Pandonga ingkang sampun seda ugi ngiras pantes ngurmati kaliyan para leluhur ugi para pahlawanipun

            Bersih Dusun ingkang kasebat Rasulan lan ugi wonten ingkang mastani Merti Desa, taksih dipun lestantunakan dumugi sakpunika katitik saben Padukuhan ngawontenaken tradisi rasulan piyambak piyambak, inggih saking semangatipun masyarakat anggenipun bade memetri budoyo luhur. Wonten ing acara rasulan meniko Masyarakat ngawontenaken mawarni warni kegiatan inggih menika Pentas seni Kesenian Tradisionil kados Dene Wayang kulit, Kethoprak, Reog, Jathilan, karawitan lan ugi ngawontenaken kirab budaya. Sanesipun puniko masyarakat ugi damel Gunungan saking hasil wulu wetu bumi antawisipun : kacang panjang, timun, Lombok, terong, tomat, pisang, lan sanesipun, namungo ugi katah bentuk gunungan sanes ingkang damel bentuk Tempat Ibadah, kewan, pesawat, pahlawan jumbuh kaliyan kawontenan jaman. Ugi damel tumpeng ingkang dipun dongani sareng sareng lan nyenyuwun wonten ngarsanipun Gusti mugi mugi kawontenan masyarakat tansah oyom ayem toto titi tentrem anggenipun among tani hasilipun tansah melimpah lan tansah bagas waras. Sedaya wau dipun arak mubeng ing jalan lingkar padukuan lan lan lumebet ing bale Padukuhan ingkang pun wastani Kirab budaya milo anggenipun macak ugi kejawen.

c. Kesenian
           Seni lan budaya ingkang misuwur ing wewengkon Semugih inggih punika seni tradisional reog, jathilan, kethoprak, Karawitan, ugi wayang kulit lan Srandul. 
Taksih katah malih kesenian ingkang taksih dipun lestantunaken wonten ing Desa Semugih antawisipun Reog, Jathilan, orkes kroncong, campur sari, malah kepara ing tingkat Kecamatan sampun pinten pinten tahun dipun wontenaken lomba jatilan lan lomba reog ingkang 8 Desa sedaya sami andil wonten ing ajang perlombaan.
Seni ingkang sesambetan kaliyan keamanan ugi sarana njagi keamanan lan katentreman lingkungan seni tradisional thek-thek kanthi ngungelaken kenthongan lan sesekaran ingkang jumbuh kaliyan kawontenan katentreman warga masyarakat. Seni tradisional sanesipun ingkang awujud sastra inggih punika geguritan, sesorah, tembang macapat ngemu raos panuntun lan paugeran gesang. Seni tradisional ingkang olah wiraga, wirama, wirasa, wirupa lumampah wujud beksan klasik punapa kreasi. Saking seni tradisi punika, nggadahi piguna tumraping gesangipun masyarakat. Seni ingkang nggegulang babagan karohanen tuladhanipun saking terbangan, sholawatan, hadroh, kekidungan, pepudyan.


Warisan Pusaka
            Pusaka minangka sipat kandel para leluhur ingkang taksih karukti dumugi jaman sapunika antawisipun Tumbak, Pedang, Pusaka Keris. Kanyata ing saben wulan Sura dipun jamasi supados kawontenan pusaka kajagi pamoripun. Tradisi punika saking para Empu lan poro winasis jaman rumiyin, wondene tatacaranipun kanthi uba rampe toya krambil, jeruk, warangan.

 

Dolanan Tradisional
             Para lare sami remen dolanan gobag sodor, egrang, benthik, ganepo, gatheng, bekelan, dhakon, lan sundha mandha ingkang taksih lestantun dumugi sapuniko antawisipun Dolanan Egrang dumugi sak menika taksih pun lombakaken, saben pengetan dinten Kamardikan Republik Indonesia taksih pun wonteni lomba lan Karnaval sae karnaval pembangunan lan karnaval budaya
Saben tahun wonten kemajenganipun babagan Paprintahan, pembangunan, kesehatan, kemasyarakatan, olah tani ingkang ka-ereh dening pamong praja ingkang wasis kanthi lir gumanti miturut paugeran ingkang lumampah. Saking andharan, katrangan lan prastawa ingkang sinerat punika kasedya saget mahanani seserepan babagan kawontenan Desa Semugih, ugi dipun ginakaken kangge njelasaken dumateng para pamaos mangertosi kawontenan sakyektosip

 

Paprintakan Padukuhan


1. Padukuhan Karangwetan.
            Padukuhan Karangwetan sampun lumampah wiwit Paprintahan Desa ingkang 1 Jaman Lurah R. Mangun Atmojo inkang nyepeng Dukuh Wonten Karangwetan ngatos sak meniko sampun gantos kaping 7 ( pitu ) inggih meniko : Ki Tro Wijoyo, Ki wono Wijoyo, Ki Atmo Sugiyo, Sastro Suwito, Ki Warno Sentono, Ki Suripto ( Minongko Pejabat Dukuh ) lan Ki Suparman. Dukuh 1 ( sepisan ) ngantos Dukuh kaping 5 ( gangsal ) Anggenipun sami dados dipun angkat dening Lurah. Sak sampunipun meniko Dukuh Ki Suparman kanti tata cara pilihan langsung Masyarakat. Kesenian ingkangdipun pepetri wonten ing padukuhan mriki : Karawitan, wayang kulit, Ketoprak, Jatilan,
Ing Padukuhan Karangwetan menika kapapanan : Balai Padukuhan, Balai Desa, UPK Danamas, UPK BKM Mandiri, BUMDES Guyup Rukun, Masjid, Gereja, SD kerdonmiri 2, SMA 1 Rongkop lan Kantor Polisi Sektor ( POLSEK )


2. Padukuhan Puworejo.
            Padukuhan Purworejo ugi sampun lumampah wiwit Paprintahan Desa ingkang 1 Jaman lurah R. Mangun Atmojo inkang Nyepeng Dukuh Wonten Purworejo inggih meniko : Ki Harjo Sudarso, Ki Ngadiyono lan Ki Tumino. Dukuh 1 ( sepisan ) ngantos Dukuh Kaping 2 ( Kalih ) Anggenipun sami dados dipun angkat dening lurah. Sak sampunipun Meniko Dukuh Ki Tumino kanti tata cara pilihan langsung Masyarakat. Adeging padukuan Purworejo ingkang sepisan wilayahipun ngantos dumugi Ngrombo saklajengipun jamanipun lurah R. Pawiro Atmojo, Ngrombo pun dadosaken Padukuhan piyambak. Kesenian ingkang dipun pepetri wonten ing padukuhan mriki : wayang kulit, Jatilan, Ing Padukuhan Purworejo meniko wonten Fasilitas Ekonomi lan Umum inggih Meniko : Masjid, Balai Padukuhan, Gedung lan Mesin Mokav/Kasava, Kebun Buah, Telaga, Lapangan Olah Raga Lan Kandang Komunal/ Kelompok.


3. Padukuhan Semugih.
            Nami Semugih estunipun katah pemanggih ingkang sedaya gadah lelandesan piyambak piyambak salah setunggalipun nyariosaken bilih jaman rumiyin sak derengipun Semugih naminipun Glagah jaman semanten wonten porowali ingkang lumampah dumadakan mampir dateng salah setunggaling Warga lan nyuwun toya bade dipun unjuk warga kolo wau ngendika menawi gadah nanging sejatosipun mboten gadah awit jaman semanten awis Toya lajeng mendet kendhi nanging kendhi mboten woten isinipun Toya bade pun caosaken nanging porowali wau ngendika Jebulane Wong kene iki “ Semugih “ wiwit semanten nami glagah dados Semugih. lumampah wiwit Paprintahan Desa ingkang 1 Jaman lurah R. Mangun Atmojo inkang Nyepeng Dukuh Wonten Semugih inggih meniko : Ki Karto Pawiro, Ki Pawiro Karminto, Ki Wardi minangka Pejabat Dukuh, Ki Suraman lan Ki Sukisno. Dukuh 1 ( sepisan ) ngantos Dukuh kaping 3 ( tiga ) Anggenipu sami dados dukuh dipun angkat dening Lurah. Sak sampunipun Meniko Dukuh Ki Suraman kanti tata cara pilihan langsung Masyarakat lan Ki Sukisna kanti tata cara ujian Penyaringan. Ing Padukuhan Semugih ugi kapapanan : PAUD Non Formal kalian PAUD Formal Negeri. Masjid, Balai Padukuhan. Kesenian ingkang dipun pepetri wonten ing padukuhan Semugih : Karawitan, wayang kulit, Ketoprak, Jatilan lan Reog. Papan kangge pepanggihan lan makempal Warga wapan wonten ing Balai Padukuhan.
Katah Legenda ingkang Mapan Wonten ing Padukuhan Semugih menika antawisipun : Majapahit, Maling Genthiri, Kali Jero, Goa Braholo lan Masjid Tiban. manut cerita Rumiyin Masjid tiban menika mapan Wonten wana ingkang kasebat alas Migit ingkang wonten sak kilenipun Padukuhan Semugih lajeng Masjid dipun pindah dening Warga dateng Padukuhan ingkang taksih dumugi sak menika, nurut critanipun Masjid menika saget kamot tiyang sak katah katahipun, namung sampun dipun Bangun ingkang sak menika dados masjid Al Iklas.


4. Padukuhan Ngrombo.
            Padukuhan Ngrombo sampun lumampah wiwit Paprintahan Desa ingkang 3 Jaman lurah R. Pawiro Atmojo inkang Nyepeng Dukuh Wonten Ngrombo inggih meniko : Ki Darmo Sentono, Ki Songko Ki Suparso minangka PJ Dukuh lan Ki Sukirno. Dukuh 1 ( sepisan ) ngantos Dukuh Kaping 2 ( Kalih ) Anggenipun sami dados dukuh dipun angkat dening Lurah. Sak sampunipun Meniko Dukuh Ki Sukirno kanti tata cara pilihan langsung Masyarakat. Jaman semanten sak derengipun madeg padukuhan piyambak Ngrombo mlebet Wilayah Padukuhan Purworejo saklajengipun jamanipun lurah R. Pawiro Atmojo, Ngrombo pun dadosaken Padukuhan piyambak. Papan kangge pepanggihan lan makempal Warga wapan wonten ing Balai Padukuhan.
Kesenian ingkangdipun pepetri wonten ing padukuhan Ngrombo : Karawitan, wayang kulit, Jatilan. Panggesangan padintenan warga ing Padukuhan Ngrombo sanesipun Petani lan Peternak Ugi katah ingkang Penjahit Satemah sebagian ageng, Padukuhan Ngrombo saget pun wastani Kampung Konveksi.


5. Padukuhan Gandu..
            Padukuhan Gandu mapan wonten perangan Desa Semugih sisih Ler inkang sampun berbatasan Kaliyan desa Karang wuni lumampah wiwit Paprintahan Desa ingkang 1 Jaman lurah R. Mangun Atmojo inkang Nyepeng Dukuh Wonten ing Gandu inggih meniko : Ki Gongseng/Genot, Ki Wongso Dimejo, Ki Ngadiman, Ki Sandiman , Ki Sugiyono minangka Pejabat Dukuh lan Ki Tohari. Dukuh 1 ( sepisan ) ngantos Dukuh Kaping 4 ( Sekawan ) Anggenipun sami dados dukuh dipun angkat dening Lurah. Sak sampunipun Meniko Dukuh Ki Tohari kanti tata cara pilihan langsung Masyarakat. Papan kangge pepanggihan lan makempal Warga Mapan Wonten ing Balai Padukuhan. Kesenian ingkang dipun pepetri wonten ing Padukuhan Gandu : Karawitan, Ketoprak, Jatilan lan Samroh.


6. Padukuhan Kemesu
            Padukuhan Kemesu mapan wonten perangan Desa Semugih sisih Ler Wetan inkang sampun wewatesan kaliyan Desa Karang wuni lumampah wiwit Paprintahan Desa ingkang 1 Jaman lurah R. Mangun Atmojo. inkang Nyepeng Dukuh Wonten ing Kemesu inggih meniko : R. Somo Taruno, Ki Reso Suwita/Tumpo, Ki Sutiyo, Ki Sugiyono minangka Pejabat Dukuh lan Ki Sugiyanto. Dukuh 1 ( sepisan ) ngantos Dukuh Kaping 3 ( Tiga ) Anggenipun sami dados Dukuh Kanthi cara di pun angkat dening Lurah. Sak sampunipun Meniko Dukuh Ki Sugiyanta kanti tata cara pilihan langsung Masyarakat. Kesenian ingkang dipun pepetri wonten ing padukuhan Kemesu : Tayup, Jatilan. Papan kangge pepanggihan lan makempal Warga wapan wonten ing Balai Padukuhan.


7. Padukuhan Kerdonmiri
            Padukuhan Kerdonmiri mapan wonten perangan Desa Semugih sisih tengah, sampun lumampah wiwit Paprintahan Desa ingkang 1 Jaman lurah R. Mangun Atmojo inkang Nyepeng Dukuh Wonten ing Kerdonmiri inggih meniko : Ki Ahmat Marjan, Ki Iman, Ki Syamsuri, Ki Paryana lan Ki Karunia Yulianta. Dukuh 1 ( sepisan ) ngantos Dukuh Kping 3 ( tiga ) Anggenipun sami dados dukuh dipun angkat dening lurah. Sak sampunipun menika Dukuh Ki Paryana kanti tata cara pilihan langsung Masyarakat lan ki Karunia Yuliyanta Kanti Tata cara Ujian Penyaringan. Wonten ing Padukuhan meniko mapan mapinten pinten Fasilitas Pendidikan Lan Fasilitas umum lan Fasilitas Ekonomi. Kados dene Sekolah TK, SMP Negeri, SMP Bhinakarya, SMK Bhinakarya, KSPP, KUD, Alfa Mart, Toko Bangunan/ Kelontong, Warung Makan lan Bank Rakyat Indonesia ( BRI ),


8. Padukuhan Baran Kulon.
            Padukuhan Baran Kulon. mapan wonten perangan Desa Semugih sisih tengah, sampun lumampah wiwit Paprintahan Desa ingkang 1 Jaman lurah R. Mangun Atmojo ngantos dipun Palih dados 2 Padukuhan Kaliyan Baran Wetan, inkang Nyepeng Dukuh Wonten ing Baran Kulon inggih meniko : Ki Bayan, Ki Sutoyoso, Ki Suro Wijoyo, Ki Rakina lan Suhartini. Dukuh 1 ( sepisan ) ngantos Dukuh kaping 3 ( tiga ) Anggenipun sami dados dukuh dipun angkat dening lurah. Sak sampunipun Meniko Dukuh Ki Rakina lan Suhartini kanti tata cara pilihan langsung Masyarakat. kawontenan Budaya ingkang taksih lestantun ugi katah kados dene Ketoprak, Wayangkulit, Reog lan Karawitan .
Wonten ing Padukuhan meniko mapan mapinten pinten Fasilitas Pendidikan Lan Fasilitas umum lan Fasilitas Ekonomi. Kados dene Sekolah PAUD, TK, LPK, Kantor Kecamatan, Bang Daerah Gunungkidul ( BDG ) , Koperasi Pegawai Negeri (KPN), Bang Shinta Daya, Bank Pembangunan Daerah ( BPD ), Toko Bangunan/ Kelontong, Warung Makan lan Pasar Tradisional.


9. Padukuhan Baran wetan
           Padukuhan Baran wetan mapan wonten perangan Desa Semugih sisih Tengah Wetan inkang sampun berbatasan Kaliyan desa Karang wuni lumampah wiwit Paprintahan Desa ingkang Kaping 3 Jaman lurah R. Pawiro Atmojo inkang Nyepeng Dukuh Wonten ing Baran wetan inggih meniko : Ki Dirjo Sumarto, Ki Darmo Suwito, Ki Suratin, Ki Kasiman, Ki Suharsa lan Ki Sarmana. Dukuh 1 ( sepisan ) ngantos Dukuh Kping 3 ( Tiga ) Anggenipu sami dados dukuh dipun angkat dening lurah. Sak sampunipun Meniko DukuhKi Kasiman kanthi tata cara pemilihan langsung Masyarakat, Dukuh Ki Suharsa lan ki Sarmana kanthi Ujian penyaringan.
Kesenian ingkang dipun pepetri wonten ing padukuhan Baran Wetan : Karawitan, wayang kulit, Ketoprak, Reog lan Orkes kroncong. Papan kangge pepanggihan lan makempal Warga wapan wonten ing Balai Padukuhan.


10. Padukuhan Bendorubuh
            Padukuhan Bendorubuh mapan wonten perangan Desa Semugih sisih Tengah Wetan inkang sampun berbatasan Kaliyan desa Karang wuni lumampah wiwit Paprintahan Desa ingkang Kaping 1 Jaman lurah R. Mangun Atmojo inkang Nyepeng Dukuh Wonten ing Bendorubuh inggih meniko : Ki Wiryo Sentono, K Tukino, Ki Warto Suwito lan Ki Ngatman. Dukuh 1 ( sepisan ) ngantos Dukuh Kping 3 ( Tiga ) Anggenipu sami dados dukuh dipun angkat dening lurah. Sak sampunipun Meniko Dukuh Ki Ngatman kanthi Tata cara Ujian Kelulusan.
Kesenian ingkang dipun pepetri wonten ing padukuhan mriki : Karawitan, wayang kulit, Jatilan. Papan kangge pepanggihan lan makempal Warga wapan wonten ing Balai Padukuhan.


11. Padukuhan Semampir
            Padukuhan Semampir mapan wonten perangan Desa Semugih sisih Kidul inkang sampun Watesipun Sisih Kilen Kaliyan desa Pringombo, Sisih kidul kaliyan Desa Nglindur Kecamatan Girisubo lan sisih wetan Kaliyan Desa Melikan lumampah wiwit Paprintahan Desa ingkang Kaping 1 Jaman lurah R. Mangun Atmojo inkang Nyepeng Dukuh Wonten ing Semampir inggih meniko : K Suwito Hajo, Ki Pawiro Taruno, Ki Mento Kariyo lan Ki Suyata. Dukuh 1 ( sepisan ) ngantos Dukuh kaping 3 ( tiga ) Anggenipu sami dados dukuh dipun angkat dening lurah. Sak sampunipun meniko Dukuh Ki Suyata kanthi tata cara ujian Penyaringan. Ing Padukuhan Semampir Meniko wonten Pasar Kewan ingkang lumampah saben Pasaran Pon ( 5 dinten sepisan ). Kesenian ingkang dipun pepetri : Karawitan, wayang kulit, Ketoprak, Jatilan. Padukuhan Semampir Meniko katah Legenda antawisipun Watu Nganten, Watu Dukun lan Cagar Budaya Song Triris.


12. Padukuhan Kemiri
            Padukuhan Kemiri mapan wonten perangan Desa Semugih sisih Tengah. lumampah wiwit Paprintahan Desa ingkang Kaping 1 Jaman lurah R. Mangun Atmojo inkang Nyepeng Dukuh Wonten ing Kemiri inggih meniko : Ki Sarino, K Arjo Suwito , Ki Sukiran Lan ki Surajiyanta. Dukuh 1 ( sepisan ) ngantos Dukuh Kping 2 ( Kalih ) Anggenipu sami dados dukuh dipun angkat dening lurah. Sak sampunipun Meniko Dukuh Ki Sukiran kanti tata cara pilihan langsung Masyarakat lan Ki Surajiyanta kanthi tata cara Ujian penyaringan. Kesenian ingkang dipun pepetri wonten ing padukuhan mriki : Karawitan, , Ketoprak, Jatilan lan Samroh. Papan kangge pepanggihan lan makempal Warga wapan wonten ing Balai Padukuhan.


13. Padukuhan Ploso.
            Padukuhan Ploso mapan wonten perangan Desa Semugih sisih Kidul kilen inkang sampun berbatasan kaliyan desa Pringombo lan Desa Petir lumampah wiwit Paprintahan Desa ingkang kaping 1 Jaman lurah R. Mangun Atmojo inkang nyepeng Dukuh Wonten ing Ploso inggih meniko : Ki Atmo Soyo, Ki Warso lan Ki Saqri Amsori. Dukuh 1 ( sepisan ) ngantos Dukuh kaping 2 ( kalih ) Anggenipun sami dados dukuh dipun angkat dening Lurah. Sak sampunipun meniko Dukuh Ki Saqri Amsori Kanti Tata cara pilihan langsung Masyarakat. Kesenian ingkang dipun pepetri wonten ing padukuhan Ploso : Srandul, Jatilan Lan Samroh. Papan kangge pepanggihan lan makempal Warga wapan wonten ing Balai Padukuhan.

 

 

 

 

 

 

 

Dokumen Lampiran : Buku Sejarah Desa Semugih


Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung